Rabu, 14 Juli 2010

Pendakian Gunung Merbabu

Wingi tanggal 6 Juli 2010 ana SMS mlebu kang Dusun Gembrungan. Isine intine mung njaluk tulung dikancani anu arep manjat ming Gunung Merbabu ngesuk tanggal 10 Juli 2010 pas preian. Sing dadi masalah bisane njaluk tulung anu kanca-kanca sing arep bareng manjat kuwe kanca tembe kenal, malah urung pernah ketemuan. Dadi akhire njaluk tulung nyong kon mbatiri manjat tur men nang biyunge olih, soale nek ora ana batir sing de kenal nang biyunge ora olih manjat.

Pikir punya pikir mikine kene mandan wegah, bukane keprime tapi anu masalahe danane kuwe agi cupet pisan. Danane entong nggo mbayar semesteran semester telu wingi. Tapi wong dasare hobi ya tetep bae ana niat, juga pas prei rong dina setu karo minggu.

Ngileng penanggalan tanggal 10 berarti setu ngesuk. Walah. Ngileng dompet mung ana duit kurang kang limolas ewu. Nek ngumpulna makan malam paling banter tekan dina Jumat mung rong puluh ewu. Eh temenan mbarang tekan dina jumat mung ana duit nang dompet rong puluh ewu tok. Alhamdulillaheh pas preian akhir minggu dadi ana uang jajan. Ditotal uang jajan tambah rong puluh ewu dadi kekumpul sewidak ewu.

Nek mung duit sewidak ewu mangkat ming Merbabu ya nekad, akeh kurange karo ngPase. Pikir depikir akhire nyilih duit kantor, etung-etung mung nggo cekelan tok aja nganti dienggo. Akhire njukut duit satus seket ewu, sewidak uang jajan mingguan plus dina Jumat tambah wolung puluh duit cekelan.

Dirasa wis cukup matang persiapane tur kabeh kayane mendukung. Langsung bae adus dipit, bar adus klamben nganggo klambi sing arep dienggo manjat sekalian. Packing sing perlu digawa apa bae, secukupe daypack biasa. Wis kabeh, pamitan karo mzAnam ngomong arep manjat ming Merbabu.

Langsung bae mangkat tujuane Pos Pendakian Thekelan Kopeng Salatiga. Ngileng nang peta lokasine kang sing Jalur Wekas wingi esih ngetan maning. Bar ngisi bensin nang SPBU langsung bae detuju ming tujuane karo aja kelalen mampir ming mini market tuku logistike dipit. Eh jebule sepanjang dalan ora ana mini market sing umum kaya nang Jogja. Ya walau akhire nemu tapi pas banget nang Kopeng seurunge mbelok ming Dusun Thekelan. Logistik cukup langsung bae menuju ming Dusun Thekelan.

Sempet bingung nang cabang pertigaan dalan, sing lurus apa sing mudun. Untunge bae ana mobil liwat dadi bisa takon. Wis jelas arahe langsung gas maning motore. Mbarang tekan desane langsung mrinding seawake kabeh. Desane peteng banget, ora ana tanda-tanda desa ana penghunine. Tapi nang pinggir dalan sing tek lewati akeh mobil api plat luar kota pada parkir. Kene wis wedi banget anu ana hau moni kaya srigala nang tipi pas menangi dalan buntu ming pertanian dadi kudu mbalik. Untung bae Pos Pendakiane ketemu, tur nang kono akeh obor karo wong sing mobile nang ngisor mau. Eh jebule anu lagi mati lampu dadi peteng pisan, tembe sadar pas lampune murub.

Rombongan mobil akeh plat luar kota mau, anu rombongan karyawan JASAMARGA sing duwe hobi berpetualang. Siki agi manjat nang kene Gunung Merbabu, totale ana 74 wong. Rata-rata ya umuran telung puluh patang puluh paling tua umur seket lima.

Ngrasa nang kono dewekan ya nyong mung teyenge mlaku metu ngarep ngumah ora suwe mlebu maning ming njero. Nganti kemutan urung Sholat Isya. Dadi langsung metu numpak motor medun sedela ming masjid. Nang mesjid ya bingung maning. Tempat wudhune nang ngendi. Untung bae ana bapak sing nidokna. Jebul tempat wudhune nang ngisor samping mesjid. Banyune rek adem pisan. Rampung sholat langsung balik maning ming pos mau trus nglebokna motor dikunci trus mapan turu. Turune nang dipan dawa ya cen anu desiapna nggo para pendaki.

Bar turu sewengi kademen, esuk-esuk tangi weruh motor plate R tapi mburin D dadi plat motor Banjarnegara. Ujaku kuwe motore bocah kang Purbalingga. Lo deneng nyong ditinggal???. Tek pikir maning nek kang kana wong enem masa motore mung loro tok. Akhire tetep tek enteni karo medang susu coklat senajan mung susu tok anggep bae pengganti sarapan.

Ujug-ujug pada tekane jam sanga lewih. Tapi esih keton berga-bergas, paling mau mbengi pada kepenak turune tur wis sarapan. Bar nitipna motor langsung bae pada mlaku manjat. Sedawane jalur ya mung petukan karo rombongan JASAMARGA terus. Wong mung kuwe tok sing manjat lewat jalur kene mau mbengi. Jalure ya kepenak mung muter dadi mandan adoh.

Mbuh anu kalonen le mlaku apa anu akeh cah wadone, cah wadone telu cah lanange lima. Dadi kesorean nang ndalan. Rencana ng-camp nang persimpangan puncak, kiye malah tembe tekan ngisor tower wis jam lima lewih. Di putusna akhire ng-camp nang kono. Angine gede pisan sedawane mbengi kuwe. Ademe.

Esuke nyong males tangi. Batire pada sarapan nyong malah turu bae. Jane si anu kademen tur ora ngerti nek srengengene wis padang pisan. Ketutupan wit si. Mbarang tangi niat arep gawe susu coklat, batire wis agi siap-siap arep manjat maning. Ya gelem ora gelem melu siap-siap. Ora sida mimi susu.

Jam pitu esuk mulai mlaku maning tekan puncak triangulasi jam sewelasan la. Biasa ritual nang puncak gunung ya mung poto poto tok nganti batrene pada entong. Jam siji mulai mudun kang puncak tekan pos pendakian setengah pitu mbengi. Kewengen maning.


Batire sing bareng manjate

Ya kaya kuwe critane. Mayu sapa sing arep manjat gunung, aja kelalen ngabari nyong ya. Mbok jere sapa teyeng melu, kan lumayan kena nggo delengan.

Nyong karo kancane sing njaluk dibatirei


Kapan naik gunung?




Tidak ada komentar:

Posting Komentar